Selasa, 05 Maret 2013

GEGURITAN


             GEGURITAN

GUSTI
Paduka wonten pundi
Dangu sampun kulo upadi
Manggul pitaken kang mengku wigati
Kados pundi menggah gesang kulo puniki
GUSTI YWANG MAHA AGUNG
Wonten sakdawane lurung-lurung
Ambyur kali miwah minggah gunung
Lampah kulo mundhi dhawuh wewarah kekidung
Namung muhung manggih raos tumlawung
GUSTI YWANG MAHA KAWASA
Nenggih paduka ingkang paring wusada
Panggresahing jiwa kawula
Yekti dereng manunggal ing rasa
Pepadhang saking piwulang Ndika
GUSTI YWANG MAHA WIKAN
Saking pundi gesang kula apurwan
Nalika jaman dereng kenging winastan
Awang-uwung munggwing wewayangan
Paran samangke dereng kantenan
GUSTI YWANG MAHA TUNGGAL
Satuhu suwung ing kiblat paningal
Pinocek lawan driya kang winungkal
Linambaran arising budi akal
Prandene lampah kapeksa maksih ketriwal
GUSTI YANG MAHA WELAS
Wonten pundi dumunungipun arasy
Palenggahanipun sang suksma kawekas
Kados kang sinebat ing kitab lawas
Pinaes sabdaning para winasis pinulas
GUSTI YWANG MAHA ASIH
Kayungyun mring jumbuhing pamanggih
Pinuji puji enggala pinanggih
Piwulang utami salebete galih
Kinarya sangu sesrawungan mring kawula dasih
GUSTI YWANG MAHA SUCI
Winulat sabdaning para ulami
Tumprap wewarah agama suci
Pinongko oboring panggladhi
Panggulawenthahing gesang puniki
GUSTI YWANG MAHA MIRAH
Esthining kayun arsa jumangkah
Ngalab berkah sarta bebingah
Rinumpaka inayah binarung hidayah
Ngupadi mring sejatining panembah

5 maret 2013
Jati Makmur Pondokgede